
Le Havre (pocaping cara Prancis: [lə ɑvʁ]) inggih punika salah satunggaling kitha wonten ing Seine-Maritime departemèn ing Prancis saking Haute-Normandie wonten ing laladan Prancis. Le Havre mapan wonten ing Prancis sisih lèr radi ngilèn, wonten ing sisih tengen saking kali Seine ing English Channel. Le Havre punika laladan ingkang kathah piyambak populasinipun Komune Prancis wonten ing laladan Haute-Normandie, sanajan cacahipun warga ingkang kathah piyambak ing konurbasi La Havre inggih langkung sakedhik tinimbang cacahipun warga ing laladan Rouen. La Havre ugi dados suprefaktur ingkang paling ageng nomer kalih ing Prancis sasampunipun kitha Reims. Kitha punika ugi minangka kitha bisnis ingkang paling gayeng ing Prancis sasampunipun kitha Marseille.
Maos salajengipun ...- 1803 - Perang Napoleon: Britania Raya mbatalaken Pasetujon Amiens lan nyatakaken perang dhumateng Prancis.
- 1910 - Bumi nglangkungi buntut komét Halley.
- 1958 - Pesawat F-104 Starfighter ndamel rékor énggal mawi kacepetan 2.259,82 km/jam.
- 1974 - Operasi Smiling Buddha: India saged kasil ngayahi uji coba nuklir ipun ingkang kaping sapindhah.
- 1998 - Atusan mahasiswa saking Forum Kota lan UI nerjang pager nyerbu Gedhong DPR/MPR, punika gelombang kaping sapindhah pendudukan Gedhong DPR/MPR déning para mahasiswa.
- 2010 - Sawijining bom njeblug ing Kabul, Afganistan, niwasaké 18. VOA, MediaIndonesia, lll. nyebutaké 18; BBC nyebutaké 19 klebu 6 pasukan NATO. (BBC) (VOA) (MediaIndonesia)