
Le Havre (pocaping cara Prancis: [lə ɑvʁ]) inggih punika salah satunggaling kitha wonten ing Seine-Maritime departemèn ing Prancis saking Haute-Normandie wonten ing laladan Prancis. Le Havre mapan wonten ing Prancis sisih lèr radi ngilèn, wonten ing sisih tengen saking kali Seine ing English Channel. Le Havre punika laladan ingkang kathah piyambak populasinipun Komune Prancis wonten ing laladan Haute-Normandie, sanajan cacahipun warga ingkang kathah piyambak ing konurbasi La Havre inggih langkung sakedhik tinimbang cacahipun warga ing laladan Rouen. La Havre ugi dados suprefaktur ingkang paling ageng nomer kalih ing Prancis sasampunipun kitha Reims. Kitha punika ugi minangka kitha bisnis ingkang paling gayeng ing Prancis sasampunipun kitha Marseille.
Maos salajengipun ...- 1770 - Marie Antoinette ingkang yuswa 14 taun krama kaliyan Louis-Auguste ingkang salajengipun dados Raja Prancis.
- 1929 - Bebungah Oscar ingkang kaping sapindhah dipun anugerahaken wonten ing Hollywood Roosevelt Hotel ing Hollywood.
- 1975 - India nganèksasi Sikkim saksampunipun negari pagunungan punika ngawontenaken referendum lan swanten paling kathah ngajengaken integrasi kaliyan India.
- 2010 - Cina menangi Piala Thomas 2010 ing Kuala Lumpur, Malaysia sawisé ngalahaé Indonésia kanthi skor 3-0. (Kompas) (Antara) (BBC)