Jaman akik Iki dudu babagan olo opo becik Nanging nglairke ati kang mosik Marang kahanan kang molak malik Gawe bingung lan tintrime wong cilik Jaman akik Yen tak roso soyo mobrak mabrik Kawulo yo mung kanggo ancik ancik Nalikane pingin luru palungguhan dingklik Jaman akik Ing kono Durjana ngaku wong apik Panyandange sarwo resik Ning polahe tan bedo kirik Di ajak apik jare mengko disik Ewodene yen tumindak culiko rindik asu ginitik Jaman akik Sing duwe ati lan laku becik Ewo semono malah den sirik Mergo akeh priagung sing kemresik Ukum nagoro malah den wolak walik Pranatan suci den othak athik Nuruti nalar kang licik Jaman akik Tan beda koyo akik, Najan amung watu kang cilik Nanging bisa katon becik Diembani manik manik Manggon ono driji opo dene jenthik Jaman akik Mulo ojo nganti atimu cilik Teka titimangsane mengko, becik tetep becik Pangukuman bakal tinompo marang kang licik Ayo tetepo manteb dadi wong apik @sinam_ms
sedikit catatan dariku