Jawa
Jawa (basa jawa: ꦗꦮ, translit. jåwå, jawi: جاوا, pegon: جاوه, hanzi: 爪哇, basa arab: جاوة, hindi: जावा, basa tamil: ஜாவா, basa sunda: ᮏᮝ, basa madura: jhâbâh, basa bali: ᬚᬯ) punika asma klintu sawijiné pulo lebet indonésia, jembaré wonten 132,000 km², kaliyan pendhudhuké wonten 114 yuta jiwa. pulo menika pulo ingkang padhet kaliyan kebak dhéwé lebet indonésia. kapadhetané wonten 864 jiwa sa-km². yèn pulo menika nagari, wus dados nagari ingkang padhet nomer kalih sedunia.
Topografi Jawa | |
| Géografi | |
|---|---|
| Pernah | Asia Kidul-Wétan |
| Koordhinat | 7°30′10″S 111°15′47″E / 7.50278°S 111.26306°E |
| Kapuloan | Kapulowan Sundha Gedhé |
| Titik dhuwur dhéwé | Semèru |
| Administrasi | |
| Provinsi | Banten, Daerah Khusus Ibukota Jakarta, Jawa Kulon, Jawa Tengah, Jawa Wétan, Daerah Istimewa Yogyakarta |
| Pamukiman jembar dhéwé | Jakarta |
| Dhémografi | |
| Cacah jiwa | 124 yuta (2005) |
| Golongan ètnik | Jawa, Sundha, Tengger, Badui, Using, Banten, Cirebon, Batawi |
Pambagéyan Administratif
besutPadunung
besutAna 2 suku gedhé ing pulo iki yaiku wong Jawa lan wong Sundha. Wong Jawa lumrahé manggon ing Jawa Tengah (uga Yogyakarta) lan Jawa Wétan, wong Sundha ing Jawa Barat. Suku gedhé liyané ing pulo Jawa yaiku, wong Madura, wong Baduy, wong Samin lan wong Tengger.
Budaya
besutKanggo tulisan sabanjuré, pirsani Budaya Jawa
Budaya sing urip ing pulo Jawa lumrahé asalé saka budaya India sing lumebu ing pulo Jawa liwat agama Hindhu lan Buda iku watara taun 400 M, sadurungé iku budaya sing urip yaiku budaya/peradhaban primitif. Saliyané saka India, uga ana prabawa budaya saka Cina, Arab lan liyané uga saka agama-agama Islam, Kristen lan agama/kepercayaan primitif kaya Animisme, Kajawèn lan liyané.
Basa
besut- Basa Jawa, dituturaké ing mèh sakabèh laladan ing pulo iki. Ing pasisir lor Jawa Wétan, saka Banten, Jakarta, Karawang, Indramayu, Cerbon, tekan Banyuwangi.
- Basa Sunda, dituturaké déning kurang luwih 27 yuta jiwa ing tanah Pasundan.
Lan basa-basa liyane.
Kagunan
besutDeleng uga
besut
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |