sa-
(Kaelih saka sa)
Definisi
krama/ngoko (ater-ater kang ateges)

- siji (tmr. ukuran, wektu, dhuwit lsp); upama: satunggal, sapuluh/sadasa, sawelas, satus, saèwu/sèwu, sayuta
- tunggal utawa bebarengan, upama: wong saomah;
- (gedhéné, dawané, lsp.) padha karo, upama: gedhéné sagajah:
- kabèh, sakabèhé, upama: saanané baé;
- karo, dalah, upama: saanak-bojoné;
- ing nalika, bareng wis, upama: sapatiné si Suta, satekané ing Sala;
- dumunung ing (tmr. papan, arah) upama: sakiwané;
- saben, upama: sadinané tampa rong rupiyah;
- waton, angger, upama: sabisané baé;
- nganti, tekan ing, muput, upama: salawasé urip, jeroné sadhengkul.
Pengucapan:
- Golèki kabèh kaca sing duwé tembung "sa-"
- Golèki kabèh kaca sing duwé sesirah "sa-"
- Tembung sing terhubung karo "sa-"
Kata kunci/keywords: arti sa-, makna sa-, definisi sa-, tegese sa-, tegesipun sa-