Wijil
Ing babagan bisnis, wijil utawa prodhuk yaiku barang utawa leladi sing bisa diadol tur tinuku.[1] Ing babagan pamasaran, wijil yaiku apa wae sing bisa ditawa menyang pasar lan bisa nyukupi kakarepan utawa kabutuhan. Déné ing manufaktur, wijil dituku arupa barang mentah banjur didol minangka barang dadi . Wijil awujud barang mentah kaya logam utawa asil tani karan barang komoditas. [[Berkas:Contoh_Produk_Wardah.jpg|jmpl|124x124px|Sawijining wijil parawatan kulit Wardah]]
Tembung prodhuk asale saka basa Inggris product, tegesé "apa waé sing diwijil dening daya manungsa utawa satunggal liyané". Tembung kriya product, yaiku produce, serapan saka basa Latin prōdūce(re), sing tegese (kanggo) ngeréh utawa nggawa apa waé. Ing taun 1575, tembung "prodhuk" ndarbèni maksud marang apa wae sing diwijil ( "anything produced" ). Nanging, wiwit taun 1695, teges tembung product luwih tumuju marang barang sing diwijil ("thing or things produced"). Produk kanthi teges barang ekonomi kawanuhaké pisanan déning juru ekonomi lan pulitikus Adam Smith.
Tembung wijil déwé asale saka basa Kawi ateges asil, panen, wetu, lair.
- ↑ Pujiastuti, Sri Lestari (2014). "EKMA4216 - Manajemen Pemasaran". web-suplemen.ut.ac.id (ing basa Inggris). Diarsip saka sing asli ing 2018-03-26. Dibukak ing 2023-12-12.