Kantha
Kantha utawa entitas yaiku samubarang sing maujud ing donya lan bisa dibédakaké saka liya-liyané. Kantha ora kudu barang sing bisa dideleng. Asil pamikir manungsa, tuladhané paugeran, kabudayan, lan nagara uga kalebu kantha. Umumé, ora ana sarujukan manawa apa-apa sing karan kantha kudu barang urip.
Tetembungan iki ngukubi babagan sing wiyar. Bisa kanggo kewan, rupa alam kaya gunung, barang mati kaya meja, tulisan ing kertas, barang-barang asil budiné manungsa kaya ukum, parusahan, lan kawruh. Bisa uga kanggo makluk adikodrati (supernatural) kaya déwa lan roh.