Joule
Joule (/dʒuːl/ JUL, utawa /dʒaʊl/ JOUL ; cihna: J) yaiku ékan gandra ing Sistem Unit Internasional (SI). Miturut ékan dhasar SI, sak joule laras karo sak kilogram-meter kuadrat saben detik kuadrat (1 J = 1 kg⋅m2⋅s−2). Sak joule kuwi padha karo akèhé usaha sing kawetu nalika gaya sak newton mindhahaké barang sing leté sak meter kanthi ener padha karo éneré gaya. Joule uga minangka gandra sing kaguwang awujud panas nalika wili listrik sak ampere ngliwati hambatan siji ohm sak detik. Jeneng Joule dijupuk saka jeneng juru fisika Inggris James Prescott Joule (1818–1889).